Minggu, 27 Juni 2010

Gurit Banyu Udan

pancene aku ugo kowe ora oleh gelo
banyu udan wingi wis dadi asin neng laut liwat mrambat ing sak dawaning kali
ngenteni angin kang bakal ndadeke deweke embun

koyo dene awake dewe,
deweke ngerti babakan dapuk lelakone
mrambati kali, gowo wedhi tekan samudra kang tentrem

dadi, apa isih ana sing kliwat soko udan wingi kuwi
kamongko angin isih suwe tekan samudra kang tansah ngimpenke rendheng
ugo apa wae sing dadi sebab aku, kowe
ngadek neng kene.
: wis. diiklaske wae. sing iso dijupuk yo gur sing ana manfaate.

Mrican, 2010

Tidak ada komentar:

Posting Komentar